Jenis-jenis e karangan basa jawa

 Peragane karangan 


Sadurungen kita sedaya ngerteni apa kang diarani karangan diskriptif, kita kedhah mangertosi riyen apa wae kang kiebu jenis-jenis ing karangan Wonten pirangpirang jenis kang kiebu ing tatarane karangan ing antarane yaiku: 


1. Narasi Yaiku karangan utawa paragraf, utawa pada kang nyritakaké kedadéyan kanthi wektu utawa kedadén kang runtut saka wiwitan ngati pungkasan. Sok sapa sing maca paragraf iki kaya-kaya nglakoni kaya déné kedadéyan kang ana jroning crita. 


2.Argumentasi Yaiku karangan utawa paragraf kang isiné ngenani panemu kanthi linambaran alesanalesan kang mathuk. 

3.Deskripsi Yaiku paragraf utawa karangan kang isiné nggambaraké sawijining objék (bisa panggonan utawa wewujudan Iiyané) kanthi trewaca. Sok sapa kang maca paragraf iki kaya-kaya ngerti dhéwé objek kang digambaraké ana ing jroning paragraf iki. 


4.Persuasi Yaiku paragraf utawa karangan kang isiné ngajak para pamaca supaya nglakoni apa kang dikandhakaké panulis. 


5.Eksposisi Yaiku paragraf utawa karangan kang isiné njléntréhaké nganti cetha terwaca. Tembung deskripsi asale saka basa Latin yaiku descripcere kang tegese nulis utawa jlentrehake sakwijining bab/perkara. Deskripsi uga duwe teges perincian utawa gambaran. Mrinci tegese nggambarake perkara tartamtu. Carane nulis deskripsi, siswa ngamati (ngemati kanthi premati) objek kang didadekake sumber tulisan. Objek sing dirinci/digambarake bisa samubarang, prastawa, pawongan, kahanan, tanduran, lingkungan, sarta alam. 


Deskripsi kang adhedhasar pengamatan kalebu rincian/gambaran kasunyatan. Gambaran kasunyatan iki mratelakake yen pawongan, panggonan, kewan, prastawa, barang, Ian sapanunggalane. Bisa digambarake/dirinci kanthi trep kaya kahanan sing saknyatane. 

Ana ing bab iki kang arep dirembug yaiku ngenani paragraf deskripsi. 


1.Wujude Paragraf Deskripsi 

Paragraf deskripsi yaiku paragraf kang nggambarake objek kanthi tujuan supaya wong 'kang maca ngrasa kaya nyawang dewe objek kang digambarake. Tegese pengalaman kang bisa ditonton dirasa, dirungokake, dialami nggunakake pancaindra. Bab kang digambarake kayata; kaendahan alam, kahanan jasmani, watak, Ian sapiturute.


2. Urut-Urutan Nulis Paragraf Deskripsi 

a. Nemtokake tema/objek karangan. 

b. Nemtokake tujuan karangan. 

c. Ngempalake data kanthi ngamati objek kang didadekake objek karangan. 

d. Nata rantamaning karangan (nyusun rancangan karangan). 

e. Ngembangake kerangka karangan. 


3. Ciri-Ciri Paragraf Deskripsi 

a. Nggambarake samukawis (sesuatu).

b. Kanggo sing maca Ian sing ngrungokake kaya-kaya ngrasakake kahanan kuwi dewe

C. Bisa dirasake pancaindra. 


0 Response to "Jenis-jenis e karangan basa jawa"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel

close