Pidato perpisahan basa jawa

 Pidhato Perpisahan  Bahasa Jawa

Assalamu’alaikum Wr. Wb. 

Nuwun, Bapak/Ibu Kepala Sekblah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/ Ibu Guru saha karyawan ingkang kula kurmati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani. 

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan. 


Kula minangka wakil saking siswa kelas 6, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak/lbu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika. 

Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal Ian kesaenan Bapak Ian lbu Guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan, Ian ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken. 

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak lbu duka Ian kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya. 


humateng Bapak/lbu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin. 

Wasana, cekapsemanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten. 

Wassalamualaikum Wr. Wb. 




0 Response to "Pidato perpisahan basa jawa"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel

close