Soal Dan Jawaban PTS Basa Jawa Kelas 5 Semeter 2 Kurikulum 13

Kami mau bagikan link unduh contoh Soal Latihan Ulangan Tengah Semester( UTS) ataupun Penilaian Tengah Semester( PTS) buat mata pelajaran Bahasa Jawa untuk adik- adik Kelas 5 Sekolah Dasar Semester 2 Genap pada Kurikulum 2013/ K13 tahun 2021/ 2022 serta dilengkapi dengan Kunci Jawaban.
Soal Dan Jawaban PTS Basa Jawa Kelas 5 Semeter 2 Kurikulum 13

Buat link unduh Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 5 SD kami bagikan diakhir artikel ini yang berupa biru. File yang dibagikan dalam bentuk pdf bila menginginkan format doc ataupun docx silahkan menghubungi/ berkomentar. Bila dalam bentuk doc mempermudah sekali bapak ataupun ibu guru dalam mengeditnya dengan dukungan suatu aplikasi yang terdapat di pc ataupun laptop ialah Microsoft Word saja.Soal ini barangkali saja diperlukan adik adik buat mempertajam daya ingat buat mengerjakan latihan latihan dari guru serta dapat pula dijadikan sebagai refrensi kamu. Soal- soal latihan Bahasa Jawa kelas 5 SD semester 2 yang dilengkapi kunci jawaban dibawah ini diharapkan bisa menolong adik- adik dirumah belajar bersama orang tua buat latihan setiap hari.

SOAL PTS BASA JAWA KELAS 5 SEMETER 2
KURIKULUM 13

I. Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, utawa d sangarepe pretelan kang mathuk! . 

1. Tembang Pangkur iku kalebu tembang .... 
a. tengahan 
b. dolanan 
c. macapat 
d. gedhe 

2. Cacahing larik saben sapada ing tembang macapat diarani .... 
a. guru gatra 
b. guru wilangan 
c. guru lagu 
d. dhong dhing 

3. Sapa temen ing kono bakal tinemu. 
Gatra ing dhuwur guru wilangane ana .... 
a. 8 wanda 
b. 10 wanda 
c. 11 wanda 
d. 12 wanda 

4. Guru wilanganne tembang Pangkur larik kapisan yaiku .... 
a. 8 wanda 
c. 12 wanda 
b. 11 wanda 
d. 7 wanda

 Wacanen geguritan iki kanthi setiti kanggo mangsuli soal nomer 5-6! 
Reroncene Kadang Tani

(Kaanggit dening Trie Elang Sutajaya)
Ijo royo-royo
Gumelar sak ngisore langit biru 
Angin tumiyup 
Dolanan godhong pari 
Kadang tani padha mesem 
Nyawang parine wes kuning 
Ati ayem tentrem 
Pari kuning Minangka reroncene urip
Tembe mburi

5. Isi geguritan ing ndhuwur yaiku Pak Tani seneng atine amarga .... 
a. nandur pari 
b. ora panen 
C. panen gedhe 
d. arep panen 

6. Rasa atine kadang tani nalika nyawang sawahe yaiku .... 
a. pengen ngguyu 
b. atine ayem 
C. pengen lunga 
d. ing tembe mburi 

7. Tegese ukara minangka reroncene urip ing geguritan mau yaiku .... 
a. ora bakal bisa urip 
b. uripe bisa dironce 
c. bisa kanggo nguripi 
d. bisa kanggo reroncen 



8. Wacanen pethikan wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon! 
Murid iku kudu manut marang guru 
Rukun marang kanca 
Aja dengki aja srei 
Aja climut aja jail aja nakal

 Parafrase kang pas kanggo geguritan ing dhuwur yaiku .... 
a. murid kudu sregep sinau. Yen sregep sinau bakal maju. Yen maju mengko akeh ngelmune. 
b. murid kang apik kuwi murid kang duweni sifat manut lan rukun. 
c. murid karo guru kudu nyawiji. Ora entuk tukar padu lan nesu. 
d. dadi murid kudu manut, rukun, ora drengki, srei, jail, lan nakal. 

9. Katone nulung, nanging sejatine malah nyusahke. Ukara kasebut paribasane .... 
a. ciri wanci lelai ginawa mati 
c. tulung menthung
 b. adumuk bathuk sanyari bumi 
d. dahwen ati open 

10. Budhe tindak dhateng Peken Klewer, mundhut bathik. Ukara iku nggunakake basa .... 
a. ngoko lugu 
b. ngoko alus 
c. krama lugu 
d. krama alus 

11. Dongeng sing ana sambung rapete karo dumadine jeneng panggonan utawa desa diarani .... 

a. legendha 
b. fabel 
C. epos 
d. mite 

Wacanen naskah ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 12-13! 

Salatiga

Ki Ageng Pandhanaran wis prasetya ing ngarsane Sunan Kalijaga. Dina iku arep budhal menyang Gunung Jabalkat, kang wusanane katelah Gunung Tembayat. Nyi Pandhanaran, ya Nyi Rambawati, isih usreg karo mas picis raja branane, mula ora bareng. 

Nalika arep budhal, Ki Ageng Pandhanaran ndangu, “Kok suwe temen ta, Nyi.” 
“Ah, Iho mpun siyap-siyap.” 
“Siyap-siyap apa. Wong Kanjeng Sunan Kalijaga ngendika ora usah ribet-ribet karo donya.” 
“Niki lho Ki, kula mbeta teken niki. Mangke nek teng dalan kekeselen rak kena ngge pitulungan.” 
"Ya wis age, anggene tekenmu aja malah dadi gawe Ian ngrepoti.” 

Sunan Kalijaga didhereke Ki Ageng Pandhanaran. Nyi Rambawati kesusu kepengin ngoyak. Marga anggone mlaku rikat ing awak krasa sumuk lan kesel. Nalika tekan ing wit sing gedhe lan edhum, Nyi Rambawati saking kesele keturon. 

Dumadakan kaget kaya ana ing impen. Ing ngarepe Nyi Rambawati ana wong telu sing praupane medeni. Banjur ana swara sora sing ngagetake ati, “Eh wong tuwa ning manis!" 

Wong lanang telu iku nganggo sandhangan sabangsane kecu utawa begal. Wong telu katon olehe prakosa. 

Wong wadon ayu, pasrahna barang-barangmu! Amrih kowe slamet!" kandane salah siji kecu. 

“Aku ora duwe apa-apa!"
Kecu ngrebut tekene Nyi Rambawati. Teken dadi rebutan. Teken disabetake ing wit gedhe pecah remuk. Mas inten ambyar. 
“Nyi Rambawati ninggal kecu telu, terus nututi Ki Ageng Pandhanaran. 
“Nyuwun ngapunten, Ki Ageng, kula, kula ...” 
Ki Ageng Pandhanaran ngendika “ Wiwit arep budhal aku lak wis kandha. Dhawuhe Sunan ora usa nggawa apa-apa. Nyai rak nekad, ta?” 

Nyi Rambawati mung meneng amarga ngrumangsani salah. Ki Ageng Pandhanaran banjur ngendika, “Mula dieling-eling, suk nek wis ana rejaning jaman panggonan iki dakjenengake Salatiga. Minangka pangeling-eling yen panggonan iki ana wong telu sing tumindak salah.” 

12. Miturut dongeng kang kowaca ing ndhuwur, tembung Salatiga iku asale saka .... 

a. sela (watu) Ian tiga 
b. salah tiga 
C. sila ping tiga 
d. selasa tiga 

13. Nyi Rambawati anggone nyimpen mas picis raja brana ana ing .... 

a. stagen 
b. tas 
c. teken 
d. kanthong 

Wacanen pethikan naskah ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 1 - 5 

Sawise ditinggali mati wong tuwane, Sabar lan mbakyune urip dhawe, lumrahe disebut bocah lola. Sabar lan mbakyuneduwe watak kang beda. Mbakyune Sabar duws watak Kang, boros, ora gantalan taun warisane wis entek musis, Nganti ora bisa sekolah meneh, Saben dina Sabar golek kayu menyang alas, banjur didol menyang pasar, pepayone ditukokak kebutuhane. Dene mbakyune kesed, ora gelem ngrewangi adine, gawene mung dolan, 

Kaya saben dinane, Sabar golek Kayu karo nggawa pancing. Yen anggone nglumpukake kayu wis oleh akeh banjur mancing, Meh wae mutung, karepe pancinge pancen arep dientas, nanging ora ngerti sangkane pancing obah-obah lan banter panyaute iwak, Mak gendhel, pancing disendhal mendhuwur, ana iwak gumantung krogel-krogel, Iwak dicekel Ia dicopot saka pancing, nanging ana swara kang ora ngerti dununge. Bar, Sahar, aku Ojo kokpateni, yen aku kokuculake, apa panjalukmu dakturuti kabeh", swara ceta dirungu Sabar, 

14. Paraga protagonis ana dongeng ing ndhuwur yaiku .... 
a. Sabar 
b, mbakyune 
c. wong tuane 
d. iwak 

15. Sabar lan mbakyune iku bocah lola, tegese ora duweni ..., 
a. omah 
b. bapak 
c. Ibu 
d. bapak ibu 

16. Isenana supaya dadi ukara panyandra, Bangkekane .... 
a, ngembang bakung 
b. ngandhan-andhan 
c, nyela cendhani 
d. nawon kemit 

17. Wit jeruk amba godhonge 
Wohe mateng dipek bocah 
Aja umuk yen lagi duwe
 Elingana yen lagi susah 
Unen-unen kasebut diarani .... 

a. wangsalan 
b. parikan 
c, paribasan 
d. cangkriman 

18. Tuladhane tembung dwilingga salin swara yaiku .... 
a. tuku, waca, pangan 
b. miaku-mlaku, ganti-ganti, awan-awan 
c. bola-bali, wira-wiri, solan-salin 
d, tetamba, tetuku, wewarah 

19. Ibu mrentah sinau Aisyah. 
Ukara langsung kang bener yaiku .... 
a. Aisyah, kapan anggonmu sinau. 
b. Aisyah, ayo sinau dhisik! 
c. Aisyah, sinaumu kapan?
d, Ayo sinau dhisik! 

20.Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane sesanti yaiku .... 
a. omah gendheng daksaponane 
b. pipine nduren sajuring 
c. alon-alon waton kelakon 
d. wajik klethhik gula jawa 

II.Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung seng bener! 

21. Kabeh tembang macapat duwe paugeran padhapuking tembang. Salah sijine yaiku tibaning swara ing pungkasane gatra kang diarani .... 
22. Tembang Pangkur duweni watak .... 
23. Njlentrehake sawijine wujud karangan tuladhane geguritan minangka tegese .... 
24. Bocah kok landhep dhengkul, diterangke ora mudheng-mudheng. Iku pocapan kanggo bocah kang ..... 
25, Ngendel-ngendelake kekuwatane, kaluhurane Ian kapinterane. Ukara kasebut paribasane 
26. Paraga ing cerita kang nindakake ala diarani .... 
27. Bathuk kang apik dicangra .... 
28. Kendhal kaline wungu Bisa apal amarga sinau Unen-unen iku diarani .... 
29. Tembung kang durung owah saka asale diarani tembung .... 
30. Kegiatan maca naskah/ teks kanthi tujuan nemokake kaluputan/kesalahan sing ana ing naskah/teks diarani ... 

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis! 

31. Tembang Pangkur iku kalebu tembang macapat kang duweni pugeran padhapuking tembang. 
Sebutna paugeran padhapuking tembang Pangkur! 
Wangsulan : 

32. Wacanen pethikan tembang Pangkur ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan! 
Wangsulan: 

Elinga tutur wong tuwa 
Den taberi nggon ira 
Luru ngelmu 
Mligi para siswa sadarum 


Tulisen isine pethikan tembang Pangkur ing ndhuwur nganggo bahasa padinan! 
Wangsulan: 

33. Gawea parafrase saka pethikan geguritan ing ngisor iki! 

Murid Tumemen 
Setiti mirengake 
Wani micara sajrone pasinaon 
Pancen kuwi murid kang tumemen 

Wangsulan :

34. Jinising crita iku maneka warna. Coba jelasna werna-werna jenise dongeng ing ngisor iki: 

a. Fabel 
b. Sage
c. Legendha 

Wangsulan : 

35. Wacanen pethikan crita legendha ing ngisor iki! 

Ing Redi Merbabu wonten pandhita gadhah anak dados sawer. Sawer kala wau saya lami saya mindhak ageng. Sang pandhita kersa ngakeni putra waton sawer wau purun tapa nglekeri Gunung Merbabu. Anggenipun nglekeri kedah ngantos gathuk antawisipun endhas kaliyan buntutipun. 

Miturut wacan ing ndhuwur, apa kang kudu dilakoni sawer amrih Pandhita kersa ngakoni sawer dadi anak? 
Wangsulan :


Berikut ini merupakan Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 5 SD/ MI Semester 2

Demikianlah data yang dapat kami sampaikan, mudah- mudahan dengan Contoh Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 5 SD/ MI serta Kunci Jawabnya Terkini ini para siswa hendak lebih semangat lagi dalam belajar demi mencapai prestasi yang lebih baik



Keyword:soal uts bahasa jawa kelas 5 semester 2 dan kunci jawaban soal uas bahasa jawa kelas 5 semester 2 dan kunci jawaban soal uts bahasa jawa kelas 5 semester 2 tahun 2022 soal bahasa jawa kelas 5 semester 2 pdf kunci jawaban bahasa jawa kelas 5 semester 2 kurikulum 2013 soal bahasa jawa kelas 5 semester 2 dan kunci jawaban 2021 soal ulangan harian bahasa jawa kelas 5 semester 2 kurikulum 2013 kunci jawaban bahasa jawa kelas 5 semester 2 2022 kunci jawaban bahasa jawa kelas 5 semester 2 kurikulum 2013 soal bahasa jawa kelas 5 semester 2 dan kunci jawaban 2022 soal bahasa jawa kelas 5 semester 2 pdf soal bahasa jawa kelas 5 semester 1 dan kunci jawaban soal uts bahasa jawa kelas 5 semester 2 dan kunci jawaban soal uts bahasa jawa kelas 5 semester 2 tahun 2022 UTS Basa Jawa Kelas 5 Semeter 2


Kumpulan Soal PTS Semester 2 
👉Soal PTS/UTS Matematika Kelas 5 Semester 2

0 Response to "Soal Dan Jawaban PTS Basa Jawa Kelas 5 Semeter 2 Kurikulum 13"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel

close