Legendha Bledug Kuwu Basa Jawa

Legendha yaiku crita utawa dongeng kang ana gegayutane karo kedadean alam utawa dumadine sawijining papan. Legendha klebu karangan kang awujud gancaran. 
Coba wacanen teks legendha ing ngisor iki!
Dumadine Bledhug Kuwu

Joko Linglung iku titah kang wujude ula gedhe Sanajan wujude ula, nanging dheweke bisa tata jaima. Dheweke bisa guneman kaya dene menungsa lumrah. Joko Linglung rumangsa menawa dheweke anake Ajisaka kang salah kedadean, lair wujud naga. Mula bareng wis gedhe, dheweke sowan menyang Kraton Medangkamolan saprelu jaluk diakoni minangka anake Ajisaka. Anggone sowan menyang kraton, dheweke diterake dening Mbok Randha Retna Menggali kang sasuwene ikingopeni dheweke. Panganggepe Joko Linglung marang Mbok Randha wis kaya dene wong tuwane dhewe.

Legendha Bledug Kuwu Basa Jawa

Ing pisowanane menyang kraton, Joko Linglung diaku anake Ajisaka. Menawa dheweke bisa ngalahake Bajul Putih, malihane Prabu Dewatacengkar kang saiki mapan ing Segara Kidul. Saliyane iku, menawa dheweke bisa ngalahake Bajul Putih, mulihe menyang Medangkamolan ora oleh lewat sadhuwure lemah. Dheweke kudu lewat sangisore lemah. Jalaran, menawa lewat dalan biyasa mesthi bakal gawe wedine rakyat Medhangkamolan.

“Joko Linglung, kowe dakaku putraku menawa bisa mateni Bajul Putih malihane Prabu Dewatacengkar kang saiki manggon ing pesisir Segara Kidul. Dheweke tansah gawe cilaka lan sengsarane rakyat Medangkamolan kang mapan ing sakiwa tengene pesisir iku. Saliyane iku, merga awakmu kang wujud naga gedhe, mulihmu menyang Medangkamolan menawa wis kasil mateni Bajul Putih aja lewat dalan. Kowe gawea dalan dhewe lewat jero bumi. Menawa lewat dalan, kowe bakal gawe girise rakyat Medangkamoian. Apa kowe saguh?"

“Inggih kula sagah,” wangsulane Joko Linglung.

Cekaking crita, Joko Linglung kasil mateni Bajul Putih. Kanthi nggawa tugelaning drijine Bajul Putih, Joko Linglung enggal-enggal mulih menyang Medangkamolan. Kaya dhawuhe Ajisaka, anggone mulih Joko Linglung lewat sajerone lemah kanthi gawe dalan dhewe.

Sawise rumangsa suwe anggone mlaku lewat jero bumi, Joko Linglung banjur njedhul metu saka jero lemah. Karepe mesthekake wis tekan apa durung. Nalika mangerteni menawa durung tekan, dheweke banjur bali ambles bumi maneh. Mangkono bola-bali dilakoni, nanging durung tekan-tekan ing Medangkamolan.

Tekan ing sawijining panggonan, Joko Linglung bali jedhul metu maneh saka jero lemah, nanging nyatane isih durung tekan. Joko Linglung wiwit mupus. Nalika jedhul meneh saka jero bumi sing dipethuki mung ara-ara amba. Dheweke ambles jedhul, ambles jedhul bola-bali.

Napase kang ngos-ngosan gawe lemah ing kono muncrat-muncrat. Sedhela-sedhela muncrat karo ngetokake swara "bledhug... biedhug... bledhug”. Gandheng papan kono jenenge Kuwu, mula nganti seprene banjur diarani Bledhug Kuwu. Dene Joko Linglung wusanane banjur bisa tekan ing Kraton Medangkamolan lan diakoni anak dening Ajisaka.

Crita ing dhuwur diarani crita legendha. Crita legendha duweni tetenger, yaiku anonim, kolektif, statis, imajiner, lan ngemu tuladha. Anonim yaiku ora diweruhi sejatine kang nganggit. Dene tegese kolektif, yaiku dianggep duweke rakyat bareng-bareng. Crita legendha diarani statis amarga ora ana owahOwahan sing wigati saka jaman biyen nganti saiki. Sejene iku, crita legendha nggambarake kedadean-kedadean kang mokal anane. Mangkana iku jeneng imajiner. Crita legendha ngemu tuladha, tegese nyritakake bab ala lan becik kanggo tuladha.


Keyword: bledug kuwu bahasa jawa dumadine bledug kuwu bahasa jawa cerita bledug kuwu berasal dari cerita rakyat grobogan bahasa jawa legenda bledug kuwu dalam bahasa inggris bledug kuwu jaman dulu legenda bledug kuwu dan kesongo kenapa papan iku diarani bledug kuwu egendha bledug kuwu basa jawa pdf legendha bledug kuwu basa jawa lirik legendha bledug kuwu basa jawa chord legendha bledug kuwu basa jawa lyrics legendha bledug kuwu basa jawa bledug kuwu bahasa jawa dumadine bledug kuwu bahasa jawa cerita bledug kuwu berasal dari cerita rakyat grobogan bahasa jawa legenda bledug kuwu dalam bahasa inggris bledug kuwu jaman dulu bledug kuwu bahasa jawa cerita bledug kuwu berasal dari cerita dumadine bledug kuwu bahasa jawa legenda bledug kuwu dan kesongo cerita rakyat grobogan bahasa jawa bledug kuwu jaman dulu legenda bledug kuwu dalam bahasa inggris genea papan iku diarani bledug kuwu bledug kuwu bahasa jawa cerita bledug kuwu berasal dari cerita dumadine bledug kuwu bahasa jawa bledug kuwu jaman dulu cerita rakyat grobogan bahasa jawa legenda bledug kuwu dan kesongo legendha bledug kuwu basa jawa legendha bledug kuwu iku asale saka legendha bledug kuwu 

0 Response to "Legendha Bledug Kuwu Basa Jawa"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel

close