Materi dan Soal Wangsalan Basa Jawa

Wangsalan 

Wangsalan yaiku unen-unen ajeg panganggone kaya cangkriman (bedhekan) kang batangane ro gatra kapindho ana mubatangane karepe wis disebutake, nanging isih durung cetha. Ing antarane gatra sapisan ka sambung rapete. Gatra sapisan minangka cangkriman, dene gatra kapindho ngemu batangan e karepe

Wangsalan Basa Jawa


Wangsalan jinise ana papat yaiku: 

1. Wangsalan padinaninan. Yaiku wangsalan kang asring dienggo guneman saben dina

Tuladha:

Dadi wong iku aja ngembang jambu, kemaruk duwe sepedha motor anyar (Kembang jambu - karuk dadi kemaruk) 

Balung klapa, ethok-ethok ora ngerti yen disapa. 

(Balung klapa - bathok dadi ethok-ethok) 

Panjenengan kok ngembang pohung, ngingklik bae arep tindak ngendi? (Ngembang pohung - ingklik dadi ngingklik) 


2. Wangsalan ing basa pacakan arupa ukara siji. Yaiku wangsalan kang dumadi saka saukara. 

Tuladha:

Roning mlinjo, yen sayah kena ngaso. 

(Ron/godhong mlinjo - so dadi ngaso) 


Sekar aren Mas, sampun dangu-dangu. 

(Sekar/kembang aren - dangu dadi dangu-dangu) 

Esuk-esuk kok wis nggodhong gedhang garing nglaras gendhing jawa (Godhong gedhang garing - klaras dadi nglaras) 

3. Wangsalan ing basa pacakan arupa ukara loro. Yaiku wangsalan kang dumadi saka rong ukara. 

Tuladha: 

Witing klapa, jawata ing ngarcapada. 

Salugune, wong sinau aja sembrana. 

(wit klapa - glugu dadi salugune: jawata ing ngarcapada - wong) 


Kawi gajah kramaning watu ing jarwa. 

Mesthi tetep angugemi Pancasila. 

(Kawi gajah - esthi dadi mesthi: kramaning watu - sela dadi Pancasila) 


Roning kamal putrane pandhita Duma. 

mumpung enom, ngudia laku utama. 


(Ron/godhong kamal - sinom dadi enom, putrane pandhita Durna - Aswatama dadi utama) 

4. Wangsalan sinawung tembang Yaiku wangsalan kang tinulis ing sajroning tembang. 

Tuladha: 

Kinanthi 

Kinanthi linging pitutur. 

Kenthang rambat menyan putih. 

Awasna dipun pratela. 

Noleha wirange wuri. 

Cecangkok wohing kalapa. 

Kang dadi pathoking urip. 


Wangsalane: 

kenthang rambat : tela dadi pratela 

menyan putih - welirang dadi wirange 

cecengkok wohing klapa - bathok dadi pathoking 


Wangsalan ing ngisor iki jangkepana kanthi milih tetembungan ing ngisore! 

a. Kukus gantung , yen ....sajake panjenengan bingung

b. Dadi bocah aja seneng nganak bebek, ....karo kancane, iku tumindak kang ora becik

c. Beligo amba godhonge, kudu santosa ing .....

d. Yen ana wong tuwa lagi ngendikan aja seneng nglemah bengkah, iku...... tumindak kang ora becik. 

e. Anggonku ngenteni kowe mau nyaron bumbung, nganti.....


1.meri 

2.kalbu 

3. daksawang 

4. cengklungen 

5. nyela-nyela 


Kunci jawaban:

a. daksawang

b. meri

c. kalbu

d. nyela-nyela 

e. cengklungen 


0 Response to "Materi dan Soal Wangsalan Basa Jawa"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel

close