Soal Cerita Wayang Srikandhi Madeg Senapati

Soal dan jawaban Cerita wayang Srikandhi Madeg Senapati

Srikandhi Madeg Senapati! 

Srikandhi

Ana ing pesangrahan pinggire Kurusetra dianakake pasewakan kulawarga Pandhawa kanggo ngrembug terusane perang gedhe Baratayuda. Ingkang rawuh ing pasewakan kuwi mau Prabu Kresna, Prabu Matsuapati, para Pandhawa, lan Dewi Wara Srikandhi. 

Underaning rembug yaiku sapa sing arep didadekake senapati. Prabu Matsuapati isih ngungun amarga putrane telu wis padha gugur ana ing Tegal Kurusetra, papane perang Baratayuda. Raden Utara lan Raden Wratsangka gugur luwih dhisik, banjur kasusul putrane sing nomer siji yaiku Resi Seta. 

Wektu kuwi sing dadi senapatine Kurawa yaiku Resi Bisma. Kamangka Resi Bisma kuwi kekuwatan lan kadikdayane gedhe banget Akeh wadya bala Pandhawa sing padha kasoran yuda nalika Resi Bisma tumandang. 

“Banjur sapa sing bisa ngalahake Resi Bisma?" pitakone Prabu Matsuapati. 

“Hmmmm kepriye Kresna, Kakangku!” Werkudara nggereng sajak ora sabar. 

Prabu Kresna mung meneng. Priyayi waskitha kuwi kaya ngeling-eling lelakon jaman sing wis kepungkur. Prabu Kresna kelingan menawa Resi Bisma kuwi nalika isih nom-nome biyen jenenge Dewabrata. 

Nalika samana ana kedadeyan sing ora dinyana-nyana. Dewabrata ngagar-agari Dewi Amba sing kepengin banget nyuwita marang Dewabrata nganggo jemparing. Karepe Dewabrata wektu kuwi mung kanggo meden-medeni supaya Dewi Amba gelem lunga. Nanging jemparing mau mrucut banjur nrajang bablas lan nancep ing dhadhane Dewi Amba. Sanalika Dewi Amba mati. Nanging sukmane Dewi Amba duwe pangajab bakal males pati marang Dewabrata. 

Nalika kelingan kuwi mau, Prabu Kresna banjur ngendika, “Yayi Srikandhi, majua dadi senapatine Pandhawa, Yayi!" 

“Nuwun sewu Kaka Prabu, menapa boten dipun guyu dening Kurawa dene senapatine Pandhawa jejere wanita, kamangka para Pandhawa taksih wetah gagah prakosa,” ature Srikandhi. 

Ora, Yayi! Majua aja wedi kangelan!" Prabu Kresna wangsulan teges. 

Dewi Wara Srikandhi banjur diampili gamane sang garwa yaiku panah Pasopati. Dewi Wara Srikandhi kairing prajurit wanita banjur budhai nglurug ana ing Tegal Kurusetra. 

Panahe prajurit maewu-ewu dilepasake tumuju marang Resi Bisma sing wis ngadhang ana ing palagan. Nanging ora ana siji-sijia panah sing bisa tumancep ing awake Resi Bisma. 

Srikandhi ora gigrig. Senapati wanita kuwi mau tetep maju dikantheni prajurit ana ing mburi lan sakiwa tengene. Bareng wis ana ing sangarepe Resi Bisma, Dewi Wara Srikandhi katungka sukmane Dewi Amba. Sanalika Resi Bisma luluh atine. 

Wara Srikandhi nyembah marang Resi Bisma, banjur rikat menthang gendewa Pasopati. Panah dilepasake tumancep ana ing pulung atine Resi Bisma. Sanalika Sang Resi tiba ngrengkang. Resi Bisma megap-megap ana lemah. Kurawa Ian Pandhawa padha ngrubung Resi Bisma. Resi Bisma karo swara pedhot-pedhot njaluk bantal. Prabu Duryudana pinangka tetuane 

Kurawa age-age menehake bantal sing empuk lan endah. Nanging Resi Bisma ora kersa. Prabu Kresna tanggap ing sasmita, mula Raden Janaka didhawuhi golek bantal. Ora suwe Raden Janaka ngaturake bantal rupa glendhingan sisa-sisa senjata perang sing wis ditinggal ing Kurusetra. 

Bantal glendhingan senjata ditampa Resi Bisma. Sang Resi mesem bungah banget banjur matur nuwun marang Pandhawa. Sabubare kuwi Resi Bisma krasa ngelak kepingin ngunjuk.Prabu Duryudana age-age menehi unjukan anggur sing enak tur seger. Nanging Resi Bisma uga ora kersa ngunjuk. Raden Janaka banjur ngaturake unjukan banyu saka komborane jaran sing kanggo titihan ing perang. Resi Bisma age-age nicip. Sing pungkasan Resi Bisma njaluk payung agung. 

Raden Werkudara tanggap ing sasmita banjur mbedhol w weruh Raden Werkudara mbedhol wit gedhe, para Kurawa ngira ye Mula Kurawa banjur padha keplayu ninggalake Kurusetra. Nanging Raden Werkudara kanggo payung agung. 

Bareng dipayungi wit ringin gedhe, Resi Bisma ngucapake Panuwun marang Pandawa lan paring pangestu muga-muga Pandhawa unggul ing yuda. Sabanjure Resi Bisma gugur kuwi Dewi Wara Srikandhi lan Pandhawa padha sungkem. Senadyan ta Resi Bisma Kuwi mungsuh ing paprangan, ananging kepriyea bae Resi Bisma kuwi isih sesembahane Pandhawa, mula padha asung pikurmatan. 

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki nganggo basa krama! 

1 Kena ngapa keluwarga Pandhawa nganakake pasewakan? 

Wangsulan:…........


2. Sapa bae kang ana ing pasewakan kasebut? 

Wangsulan:…........


3. Apa kang dadi underaning rembug ing pasewakan? 

Wangsulan:…........


4. Kena ngapa Prabu Kresna ngutus Dewi Wara Srikandhi maju dadi senopati? 

Wangsulan:…........


5. Dewi Wara Srikandhi kuwi pernah apane Raden Janaka?

Wangsulan:…........

Jawaban



0 Response to "Soal Cerita Wayang Srikandhi Madeg Senapati"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel

close