Legendha Malin Kundang Basa Jawa
Legendha yaiku crita utawa dongeng kang ana gegayutane karo kedadean alam utawa dumadine sawijining papan. Legendha klebu karangan kang awujud gancaran.
Wacanen lan mangertenana teks legendha ing ngisor iki!
Malin Kundang
Kacarita ana kulawarga nelayan sing omahe ing pinggire segara kelebu wilayah Sumatra Barat. Amarga kahanane kulawarga iku ora duwe (mlarat), bapake nekat budhal nggolek gaweyan ing negara liya kanthi numpak prau nyebrang segara sing amba banget. Bapake Malin ora tau bali maneh ing desa lan kulawargane. Amarga iku, ibune cancut taliwanda kudu nggenteni tugas bapake Malin kanggo golek panguripan.
Malin klebu bocah sing pinter banget, ananging rada mbeling. Dheweke kerep nguber-uber pitik lan nyeblak nganggo sapu. Sawijining dina, Malin lagi nguberuber pitik. Dheweke kesandhung watu Ian lengen tengene catu kena watu. Catu ing lengene mari, nanging wekase ora bisa ilang. Amarga rasa welas karo ibune sing rekasa banget nggolek panguripan kanggo nggedhekake dheweke, Malin nekat lunga adoh supaya ing tembe bisa sugih yen uwis bali maneh ing desane. Mula-mulane ibune Malin Kundang ora patia sarujuk. Ngelingi garwane uwis ora tau kondur maneh sawise tindak adoh. Nanging Malin pancet ngengkel. Pungkasane, ibune marengake Malin lunga adoh nunut prau duweke sudagar. Nalika suwe ana prau iku, Malin Kundang mempeng sinau ilmu pelayaran marang wong-wong prau sing uwis duwe pengalamane akeh.
Ing tengah-tengahe segara, dumadakan prau sing ditumpangi Malin Kundang dikroyok begal-begal segara. Kabeh bandha dagangan duwekane sudagar ing jero prau dijaluk kanthi peksa karo begal-begal segara. Wong-wong sajroning prau nemoni cilaka. Malin Kundang kabegjan. Dheweke ndhelik ing njero kamar cilik sing ketutup kayu. Malin Kundang kelunta-lunta ing tengahing segara. Pungkasane prau sing ditumpangi tekan ing sawijining pulo. Nganggo tenaga sing amung sethithik, Maling Kundang mlaku tumuju desa cedhak pinggire segara.
Desa sing dipanggoni Malin Kundang nalika kesasar iku klebu desa sing makmur banget. Amarga ulet Ian temenan anggone nyambut gawe, Malin suwiningsuwe kasil dadi wong sugih bandha. Dheweke duwe prau dagang akeh Ian rewang (anak buah) sing akehe luwih saka 100 wong. Sawise dadi wong sugih bandha, Malin Kundang ngiamar wanodya supaya dadi sisihane. Pawarta Malin Kundang sing uwis dadi wong sugih bandha lan uwis krama nganti tekan talingan ibune Malin Kundang. Ibune Malin Kundang rumangsa mongkog lan remen banget amarga putrane uwis kasil. Wiwit dina iku, ibune Malin saben dina tindak dermaga. Ngrantos putrane karo nggalih menawa bae bali ing desane.
Sawetara suwe omah-omah, Malin Ian sisihane budhal numpak prau karo anak buahe. Ibune Malin pirsa ana prau teka ing dermaga, mirsani wong loro ngadeg ana dhuwure gladak prau. Piyambake nggrahita yen wong sing ngadeg kuwi sejatine putrane, Malin Kundang karo sisihane. Ibu Malin Kundang tindak nyedhak prau. Sawise cedhak, ibune pirsa ana wekas catu ing lengene wong iku. Mula ibune tansaya pracaya yen wong sing dicedhaki iku Malin Kundang.
“Malin Kundang, putraku, kenapa kowe lunga suwe banget tanpa ngirim warta?”, ngendikane karo ngrangkul Malin Kundang. Nanging nyawang wong wadon tuwa sing agemane lungset lan reged ngrangkul dheweke, Malin Kundang nesu. Satemene dheweke wis ngrumangsani yen iku sejatine ibune. Nanging dheweke rumangsa isin, yen kahanan iku nganti bojo lan wong-wong ngisorane weruh. Jalaran nampa tumindak ala saka putrane, ibune Malin Kundang dadi duka yayah sinipi. Piyambake ora ngira yen putrane dadi anak keblinger.
Amarga banget lehe duka, ibune Malin ngendika lan nyedakake kanggo putrane, “Duh Gusti, menawi leres tiyang menika anak kawula, kawula nyedakaken tiyang menika dados watu.” sawise iku, ora let suwe Malin Kundang bali maneh numpak prau layar. Ing tengah-tengahing segara, dumadakan teka angin puyuh nganti prau layar Malin Kundang rusak. Sabanjure awake Malin Kundang suwining-suwe dadi kaku. Pungkasane, Malin Kundang dadi awujud watu karang.
Nganti seprene watu Malin Kundang isih bisa disawang ing sawijining pinggiran segara. Watu iku dijenengake Pantai Banyu Legi. Manggon ing sisih kidul kutha Padang, Sumatra Barat.
Keyword: malin kundang bahasa jawa singkat cerita malin kundang dalam bahasa jawa tema cerita malin kundang dalam bahasa jawa unsur intrinsik cerita malin kundang dalam bahasa jawa legenda malin kundang ringkasan cerita malin kundang singkat pendek cerita malin kundang bahasa indonesia cerita rakyat bahasa jawa legendha malin kundang basa jawa pdf legendha malin kundang basa jawa chord legendha malin kundang basa jawa lirik legendha malin kundang basa jawa lyrics legendha malin kundang basa jawa malin kundang bahasa jawa singkat cerita malin kundang dalam bahasa jawa legenda malin kundang cerita malin kundang bahasa indonesia cerita rakyat bahasa jawa tema cerita malin kundang dalam bahasa jawa cerita malin kundang singkat pendek cerita malin kundang berasal dari cerita malin kundang 2 paragraf cerita malin kundang lengkap cerita asli malin kundang wajah asli malin kundang pengarang cerita malin kundang batu malin kundang legenda malin kundang legenda malin kundang singkat legenda malin kundang dalam bahasa inggris legenda malin kundang berasal dari legenda malin kundang dalam bahasa jawa legenda malin kundang bahasa inggris dan terjemahannya legenda malin kundang mnctv legenda malin kundang pdf legenda malin kundang bahasa jawa legenda malin kundang berasal dari daerah
0 Response to "Legendha Malin Kundang Basa Jawa"
Post a Comment