Parafrase Puisi Geguritan Basa Jawa

Parafrase Saka Geguritan 

Parafrase yaiku njlentrehake sawijine wujud karangan, contone geguritan, nganggo tetembungan lan ukara liya utawa ukara sing luwih gampang dimangerteni, nanging ora nambahi lan ora ngurangi surasane karangan asline. Gawe parafrase kuwi ora angel. 

Parafrase Geguritan Basa Jawa

Urutan gawe parafrase dijlentrehna ing ngisor iki! 

1. Wacanen kanthi setiti geguritan sing arep digawe parafrase. Wacanen kanthi paham isi lan karepe geguritan mau. Wacanen conto/tuladha geguritan ing ngisor iki!

Murid Tumemen
Kaanggit dening Rangga Oditama

Saben esuk cengkelak ninggalake klasa bantal
Lempit-lempit nuli adus
Kosokan resik Tan ana perangan kang katinggal
Cukat trengginas Sarapan banjur budhal ing pamulangan
Setiti mirengake
Wani micara sajrone pasinaon
Pancen kuwi murid kang tumemen

2. Tegesana tembung sing durung komangerteni karepe Ian tembung perlambang sing mbok menawa duwe teges sing khusus. 
Gatekna conto/tuladhane! 

Conto/tuladha: 
Cukat trengginas : sarwa rikat tandang tanduke 
Tumemen : beneran/nyata/nggatekake kanthi bener 

3. Tulisen tembung-tembung sing koanggep kurang sing kudune ana ing geguritan. Tulisen ana ing sela-selane ukara. Kanthi mangkono tegese ukara bisa luwih gamblang. 
Gatekna conto/tuladhane! Conto/tuladha: 
Murid Tumemen
Saben esuk (bocah sekolah kuwi tangi) cengkelak ninggalake klasa (lan) bantal 
(Bocah kuwi ora lali) Lempit-lempit (kemule) (Bocah kuwi ) nuli adus 
(Nalika adus) Kosokan (nganti) resik 
Tan ana perangan (awak) kang katinggal 
(Tumandange) Cukat trengginas 
(Sedela bae wis) Sarapan banjur budhal ing pamulangan 
(Ana ing pamulangan, bocah kuwi) Setiti mirengake (guru) 
(Bocah sekolah kuwi uga) Wani micara sajrone pasinaon 
Pancen (kaya ngono) kuwi (kudune) murid kang tumemen

4. Tulisen sakabehing isi geguritan sing wis kotegesi mau. Tulisen nganggo ukara sing kogawe dhewe nanging karepe ora kena owah saka asline. Tulisen kanthi paragraf kang apik. 
Gatekna conto/tuladhane! 

Conto/tuladha:
Murid Tumemen 

Saben esuk, bocah sekolah kuwi tangi cengkelak ninggalake klasa lan bantal. Bocah kuwi ora lali lempit-lempit kemule. Bocah kuwi nuli adus. Nalika adus kosokan nganti resik. Tan ana perangan awak kang katinggal. Tumandange cukat trengginas. Sedela bae wis sarapan banjur budhal ing pamulangan. Ana ing pamulangan, bocah kuwi setiti mirengake guru. Bocah sekolah kuwi uga wani micara sajrone pasinaon. Pancen kaya ngono kuwi kudune murid kang tumemen.


Keyword: contoh parafrase bahasa jawa contoh parafrase geguritan bahasa jawa parafrase dalam bahasa jawa parafrase yaiku dalam bahasa jawa parafrase geguritan yaiku apa tegese parafrase dalam bahasa jawa parafrase adalah contoh gancaran geguritan dalam bahasa jawa parafrase puisi basa jawa pdf parafrase puisi basa jawa contoh parafrase bahasa jawa contoh parafrase geguritan bahasa jawa parafrase dalam bahasa jawa parafrase yaiku dalam bahasa jawa parafrase geguritan yaiku apa tegese parafrase dalam bahasa jawa parafrase geguritan ibu parafrase geguritan sekolahku parafrase geguritan murid kudu manut marang guru parafrase geguritan murid tumemen parafrase geguritan pahlawanku apa tegese parafrase geguritan iku contoh gancaran geguritan dalam bahasa jawa parafrase geguritan sapu sada parafrase geguritan parafrase geguritan yaiku parafrase geguritan piwelinge ibu parafrase geguritan pahlawanku parafrase geguritan kangen parafrase geguritan ibu tugas parafrase geguritan contoh parafrase geguritan opo tegese parafrase geguritan iku carane gawe parafrase geguritan apa tegese parafrase geguritan iku apa kang diarani parafrase geguritan contoh parafrase geguritan basa jawa apa kang diarani parafrase geguritan iku kang diarani parafrase geguritan parafrase geguritan murid tumemen parafrase geguritan pahlawanku parafrase geguritan ibu parafrase geguritan sapu sada apa tegese parafrase geguritan iku parafrase geguritan dhawuhe bapa contoh parafrase puisi contoh parafrase puisi ibu contoh soal parafrase puisi kumpulan parafrase puisi apa yang dimaksud parafrase puisi contoh parafrase puisi ke prosa contoh parafrase puisi pahlawan cara parafrase puisi contoh parafrase puisi brainly parafrasekan puisi parafrasekan puisi di atas

0 Response to "Parafrase Puisi Geguritan Basa Jawa "

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel

close