Pengertian Wewaler Lan Tuladhane

Sakdurunge, kowe wis mangerteni yen wewaler kuwi salah sijining gugon tuhon, gugon tuhon saka tembung gugu+an lan tuhu+an. 

Sing artine gugu (dipercaya) lan tuhu (temenan) maksude kabeh kudu dipercaya kanthi temenan.

Mung akeh sing ora ngerti apa sebab larangan kuwi, dadi nek ngendika mesthi alesane ORA ILOK.

Nggih napa nggih??

Pengertian Wewaler Lan Tuladhane


Nah, saiki ing mriki, pak guru karo awakmu bakal rembugan bebarengan bab wewaler iki. 

Tegese Wewaler:

Wewaler iku tegese nasehat kang wujute larangan 


Wewaler bisa dirunut saka 3.

1. Sejarah

Tuladhane : ana wewaler, wong Jawa ora entuk bebojo karo wong Sunda. Kuwi ana sejarahe cah ayu cah bagus. Hayam Wuruk saka Majapahit kuwi nadhang tresna karo putri saka kerajaan Sunda, Dyah Pitaloka. Hayam Wuruk nglamar Dyah Pitaloka, lan ditampa. Ananging ing perjalanan nalika Dyah Pitaloka arep marang Majapahit. DP diadhang Patih Gajah Mada lan prajurite. Patih ngendika yen DP kuwi sakjane arep didadikake upeti, tandha yen kerajaan Sunda takluk marang Majapahit. DP ora tampa, pramila dadi perang lan DP mati bunuh diri.

Iku tuladhane yaaa, bab sejarah.


2. Logika lan etika

Tuladha wewaler : 


Aja ngethoki kuku wengi-wengi, ORA ILOK. Dilogika ya anakku, jaman biyen durung ana lampu, durung ana kethokan kuku. Anane senthir utawa diyan karo peso. Lah, yen awakmu jaman biyen ngethoki kuku wengi wengi nganggo peso, pas ora ana lampu, apa ora bebayani?? Syukur nek temenan kukumu bisa kekethok, yen karo drijimu mbarang?? Apa gag medeni? ๐Ÿ˜‚๐Ÿ˜‚



Wewaler aja nglungguhi bantal mengko mbok wudunen, kuwi dirunut etika, sirah kuwi dianggo mikir, mulane kedudukane dianggep luwih dhuwur ketimbang bokongmu. Yen bantal sing dianggo turu kok malah dibokongi apa ora saru?? Ora mung kuwi, logikane awakmu nek njagong bae sok nglemprak sembarang-barang. Nang lemah, nang suket. Mesthine bokongmu kuwi ya kotor, yen banjur lungguh ing bantal sing nggo turu. Bantalmu dadi kotor, bisa marakake penyakit lan jerawat



3. Kanggo wedi-wedi bocah

Tuladha wewaler :

aja nuthuk kenthongan sembarangan, mbok ana jago thethek. Wewaler niki logikane kenthongan kuwi duwe fungsi kanggo menehi pituduh masyarakat. Ana tandha ne, thuthukan lindhu, thuthukan kebakaran, thuthukan ronda kuwi ana iramane dhewek-dhewek. Yen kok malah dithuthuk sembarangan apa ora gawe geger masyarakat??


Alesan mbok ana jago thethek kuwi mung kanggo weweden bocah, supaya manut. Amarga bocah cilik yen dijelasake kadang sok ora paham, tur malah dadi akeh pitakonan. Mulane wong tuwa jaman biyen le njawab asal. Sing penting bocah klakep, manut anteng, ora akeh pitakonan.


Sandi kala asal tembunge saka sandi = tandha, lan kala = wektu.

Dadi dudu jeneng memedi utawa liyane.

Tandha wektu ganti dadi peteng. Nah ing agama Islam, wayah sandi kala kuwi wayah pergantian shift antarane malaikat awan lan malaikat wengi. Tur ing wayah iki, kekuatan jin uga mulai tambah kuat. Jin ing wayah wengi kuwi luwih kuat. Pramila bocah bocah ora entuk metu ing wayah iki. 


Kancane pak guru taksih ana loh, sing diganggu yen wayah sandi kala iki yen ana ing njaba omah. Sing tiba, sing kesandung, sing tiba saka motor๐Ÿ˜”๐Ÿ˜”. Pramila Ngger, Ndhuk. Awakmu uga kudu ati-ati ing wayah iki yaa


Ana wewaler "Aja nyangga piring nalika maem"

Alesane simpel, yen posisi piring disangga tangan, yen disenggol kuwi mesthi gampang tiba. Pramila ana wewaler kaya ngono. Dejal yen lagi maem tanganmu nyangga piring, banjur adhi utawa kakang mbekayumu nyenggol, banjur piring pecah maemanmu ambyar. Apa ora didomehi mamakmu?? ๐Ÿ˜‚๐Ÿ˜‚


Wewaler "Aja mangan karo ngadheg, mundhak wetenge dawa"

Wewaler iki duweni logika kang gayut karo ilmu kesehatan. Rasulullah Saw uga wis nyukani sunnah yen maem utawa ngombe kudu karo lungguh


Wewaler "Ora ilok dolanan beras mengko mundhak tangane kithing"

Alasan anane wewaler iki yaiku: beras kuwi bahan pangan pokok kanggo wong Jawa, ora patut yen nggo dolanan amargi bisa marakake beras kotor lan semrawut.



0 Response to "Pengertian Wewaler Lan Tuladhane"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel

close