Soal Bahasa Jawa Kelas 5 Wulangan 7 Semester 2



Soal Bahasa Jawa Kelas 5 Wulangan 7 Semester 2



Raden Ajeng Kartini R.A.


Kartini salah sijine pejuang wanita Indonesia. Panjenengane kagungan gegayuhan sing adi luhung. Tekade kepengin ngajokake kaum wanita. Gegayuhane iku kepriye supaya kaum wanita Indonesia nduweni hak sing padha karo kaum priya. Kaum wanita saiki wis ngrasakake uwohe. Saiki kaum wanita lan kaum priya duwe hak, kalungguhan, lan tanggung jawab kang padha.


R.A. Kartini iku lair ing Jepara tanggal 21 April 1879, Ramane ngasta Bupati Jepara,

asmane R.M. Harya Sastraningrat. R.A. Kartini kagungan sipat pemimpin sing andhap asor. Panjenengane disuyuti kabeh rakyat Indonesia, luwih-luwih rakyat Jepara.


Jaman semana sekolahan durung kaya saiki. Sekolahan isih arang-arang. R.A. Kartini kagolong kenya sing pinter, dhuwur gegayuhane. Nanging keng ramane nglarang, ora marengake menawa R. A. Kartini nerusake sekolahe.




Jaman semana isih mlaku adat pingitan. Tegese bocah wadon sing wis ngancik diwasa ora - kena metu saka ngomah. Ewasemono, penggalihe R.A. Kartini ora nglokro. Saya suwe pepenginan kanggo njunjung drajate wanita ora saya mendha, nanging malah saya makantar-kantar.


Ana ing Jepara R.A. Kartini ngedegake sekolahan kang mligi kanggo bocah-bocah wadon, dijenengake Sekolah Kartini. Bocah-bocah diwulang maca, nulis, etung, lan keprigelan warnawarna, kayata: nyongket, nyulam, Ian jait.


Yuswa 24taun, R.A. Kartinidipundhutgarwa dening RadenAdipati Jayadiningrat, Bupati Rembang.Raden Ajeng Kartini diboyong menyang Rembang. Raden Adipati Jayadiningratnyarujuki lan mbiyantu madege Sekolah Kartini. Sekolah Kartini saya suwe saya ngrembaka. Ing kutha liya akeh kang ngedegake Sekolah Kartini, kayata: Semarang, Surabaya, Malang, Madiun, Yogyakarta, lan Cirebon. Taun 1904 R.A. Kartini seda, yaiku patang dina sabubare babaran. Kanggo ngeling-eling labuh labete R.A. Kartini, saben tanggal 21 April dianakake pengetan dina wiyose R.A. Kartini




Srikandhi Madeg Senapati



Srikandhi







Ana ing pesangrahan pinggire Kurusetra dianakake pasewakan kulawarga Pandhawa kanggo ngrembug terusane perang gedhe Baratayuda. Ingkang rawuh ing pasewakan kuwi mau Prabu Kresna, Prabu Matsuapati, para Pandhawa, lan Dewi Wara Srikandhi.

Underaning rembug yaiku sapa sing arep didadekake senapati. Prabu Matsuapati isih ngungun amarga putrane telu wis padha gugur ana ing Tegal Kurusetra, papane perang Baratayuda. Raden Utara lan Raden Wratsangka gugur luwih dhisik, banjur kasusul putrane sing nomer siji yaiku Resi Seta.

Wektu kuwi sing dadi senapatine Kurawa yaiku Resi Bisma. Kamangka Resi Bisma kuwi kekuwatan lan kadikdayane gedhe banget Akeh wadya bala Pandhawa sing padha kasoran yuda nalika Resi Bisma tumandang.

“Banjur sapa sing bisa ngalahake Resi Bisma?" pitakone Prabu Matsuapati.

“Hmmmm kepriye Kresna, Kakangku!” Werkudara nggereng sajak ora sabar.

Prabu Kresna mung meneng. Priyayi waskitha kuwi kaya ngeling-eling lelakon jaman sing wis kepungkur. Prabu Kresna kelingan menawa Resi Bisma kuwi nalika isih nom-nome biyen jenenge Dewabrata.

Nalika samana ana kedadeyan sing ora dinyana-nyana. Dewabrata ngagar-agari Dewi Amba sing kepengin banget nyuwita marang Dewabrata nganggo jemparing. Karepe Dewabrata wektu kuwi mung kanggo meden-medeni supaya Dewi Amba gelem lunga. Nanging jemparing mau mrucut banjur nrajang bablas lan nancep ing dhadhane Dewi Amba. Sanalika Dewi Amba mati. Nanging sukmane Dewi Amba duwe pangajab bakal males pati marang Dewabrata.

Nalika kelingan kuwi mau, Prabu Kresna banjur ngendika, “Yayi Srikandhi, majua dadi senapatine Pandhawa, Yayi!"

“Nuwun sewu Kaka Prabu, menapa boten dipun guyu dening Kurawa dene senapatine Pandhawa jejere wanita, kamangka para Pandhawa taksih wetah gagah prakosa,” ature Srikandhi.

Ora, Yayi! Majua aja wedi kangelan!" Prabu Kresna wangsulan teges.

Dewi Wara Srikandhi banjur diampili gamane sang garwa yaiku panah Pasopati. Dewi Wara Srikandhi kairing prajurit wanita banjur budhai nglurug ana ing Tegal Kurusetra.

Panahe prajurit maewu-ewu dilepasake tumuju marang Resi Bisma sing wis ngadhang ana ing palagan. Nanging ora ana siji-sijia panah sing bisa tumancep ing awake Resi Bisma.

Srikandhi ora gigrig. Senapati wanita kuwi mau tetep maju dikantheni prajurit ana ing mburi lan sakiwa tengene. Bareng wis ana ing sangarepe Resi Bisma, Dewi Wara Srikandhi katungka sukmane Dewi Amba. Sanalika Resi Bisma luluh atine.

Wara Srikandhi nyembah marang Resi Bisma, banjur rikat menthang gendewa Pasopati. Panah dilepasake tumancep ana ing pulung atine Resi Bisma. Sanalika Sang Resi tiba ngrengkang. Resi Bisma megap-megap ana lemah. Kurawa Ian Pandhawa padha ngrubung Resi Bisma. Resi Bisma karo swara pedhot-pedhot njaluk bantal. Prabu Duryudana pinangka tetuane

Kurawa age-age menehake bantal sing empuk lan endah. Nanging Resi Bisma ora kersa. Prabu Kresna tanggap ing sasmita, mula Raden Janaka didhawuhi golek bantal. Ora suwe Raden Janaka ngaturake bantal rupa glendhingan sisa-sisa senjata perang sing wis ditinggal ing Kurusetra.

Bantal glendhingan senjata ditampa Resi Bisma. Sang Resi mesem bungah banget banjur matur nuwun marang Pandhawa. Sabubare kuwi Resi Bisma krasa ngelak kepingin ngunjuk.Prabu Duryudana age-age menehi unjukan anggur sing enak tur seger. Nanging Resi Bisma uga ora kersa ngunjuk. Raden Janaka banjur ngaturake unjukan banyu saka komborane jaran sing kanggo titihan ing perang. Resi Bisma age-age nicip. Sing pungkasan Resi Bisma njaluk payung agung.

Raden Werkudara tanggap ing sasmita banjur mbedhol w weruh Raden Werkudara mbedhol wit gedhe, para Kurawa ngira ye Mula Kurawa banjur padha keplayu ninggalake Kurusetra. Nanging Raden Werkudara kanggo payung agung.

Bareng dipayungi wit ringin gedhe, Resi Bisma ngucapake Panuwun marang Pandawa lan paring pangestu muga-muga Pandhawa unggul ing yuda. Sabanjure Resi Bisma gugur kuwi Dewi Wara Srikandhi lan Pandhawa padha sungkem. Senadyan ta Resi Bisma Kuwi mungsuh ing paprangan, ananging kepriyea bae Resi Bisma kuwi isih sesembahane Pandhawa, mula padha asung pikurmatan.

Wenehana tanda ping (x) aksara A,B,C, Utawa D sangarepe pretelan sing mathuk!

1. Kulawarga Pandhawa padha nganakake pasewakan kanggo ngrembug .... 

a. Dewi Wara Srikandhi 

b. perang Baratayuda 

C. garwane Raden Janaka

d. Prabu Kresna 


2 Ing pasewakan iku kang didadekake senapati yaiku .... 


a. Dewi Wara Srikandhi

b. Raden Utara 

c. Raden Janaka 

d. Prabu Kresna 


3.Wektu kuwi kang dadi senapati ing Kurawa yaiku ... 

a. Raden Wratsangka 

b. Raden Utara 

c. Resi Bisma 

d. Resi Duma 


4.Dewi Wara Srikandhi iku garwane .....

 a. Prabu Puntadewa 

b. Raden Utara 

c. Raden Janaka 

d. Prabu Kresna 


5.Dewi Wara Srikandhi ngadhep perang lawan Resi Bisma ana ing . 

a. Astina 

b. Alengka 

c. Amarta 

d. Kurusetra 


6.Nalika maju ing madyaning peperangan 

Dewi Wara Srikandhi nggawa senjata ..... 

a.Cakrabaskara 

b.pasopati 

c.Guwawijaya 

d.Alugara 



7.Wong sing pagaweane nabuh gamelan ing karawitan diarani .. 

a. niyaga 

b. dhalang 

c. gamel 

d. waranggana/sindhen 


8.Dewi Wara Srikandhi madeg senapati kuwi mujudake 

a. wanita luwih kuwasa 

b. kadigdayane kaum wanita 

c. perange wanita 

d. emansipasi wanita 


9.Ing ngisor iki ukara tanduk, kajaba .... 

a. Ari ngelapi sepedha jengki. 

b. Tuti nyaponi latar saben esuk. 

c. Kembange mlathi dipethiki ibu. 

d. Bapak nulis layang. 


10.Roning mlinjo, yen sayah kena ngaso. Unen-unen iku kalebu .... 

a. wangsalan. 

c. parikan 

b. paribasan

 d. cangkriman 


11.Nalika Prabu Kresna dhawuh supaya Dewi Wara Srikandhi dadi senapati atine .... 

a. krasa wedi 

b. rumangsa asor 

c. ora gigrik 

d. rumangsa kumalungkung 


12.Resi Bisma bisa dikalahke dening .... 

a. Prabu Kresna 

b. Prabu Matsuapati 

c. Raden Janaka 

d. Dewi Wara Srikandhi 


13.Resi Bisma kalah kena senjata .... 

a. Cakrabaskara 

c.Guwawijaya 

b. Pasopati 

d. Alugara 


14.Bantal sing dikersakake Resi Bisma yaiku 

a. bantal kapuk randhu 

b. bantal busa sing empuk 

c. glendhingan senjata 


15.Resi Bisma uga ngersakake unjukan yaiku .... 

a.komboran jaran 

b.banyu sumur 

c.anggur sing enak 

d.banyu tawa 


16.Sing pungkasan Resi Bisma njaluk .... 

a. payung 

c. senjata 

b. kreta 

d. kerandha 


17.Resi Bisma satemene atine mbela Pandhawa amarga .... 

a. Pandhawa isih tunggale 

b. Pandhawa dimesakake 

c. Pandhawa bebudene luhur 

d. Pandhawa dibela Kresna 


18.Sanajan Resi Bisma mungsuh nalika perang Dewi Wara Srikandhi tetep sungkem jalaran .... 

a. luwih tuwa 

b. luwih sekti

C. senapati peng-pengan 

d. isih sesepuhe 


19.Raden Ajeng Kartini lair taun .... 

a. 1879

c. 1897 

b. 1877 

d. 1876 


20.Saben tanggal 21 April dipengeti dina ... 

a. Pendidikan  

b Pahlawan 

c. Kartini 

d. Kebangkitan 


Gathukna pratelan sisih kiwa karo sisih tengen kang mathuk! 


1.Pahlawan emansipasi wanita Indonenia

2.Sensapati wanita saka Pandhawa 

3.Senjata kanggo merjaya Resi Bisma 

4.Papan perang Daratayuda 

5.Satnya kang bebudene luhur 


a. Pasopati 

b. Kurawa 

c. RA Kartni Kurusetra 

d.Dewi Wara Srikandi 

e.Pandhawa 


Jawab :

1. C

2. E

3. A

4. D

5. F



II. Isenana ceceg-ceceg Ing ngisor Ikl nganggo tembung sing mathuk! 






1. Mund-mund padha ngangsu kawruh ng sekolahan. . Ngangsu kawruh tegese....

2. Raden Arjuna iku kadang Pandhawa sing

3. Dewi Wara Srikandhi iku garwane ...

4. Esuk-esuk kok wis nggodhong gedhang garing nglaras gendhing Jawa. Godhong gedhang garing iku tegese .......

5.Idham-idhamanipun R.A. Kartini inggih punika badhe majengaken para ..............

6. Resi Bisma iku nalika isih enom jenenge....

7. Payung sing dijaluk Resi Bisma yaiku ..........

8. Raden Werkudara menehi payung arupa ..................,

9.Dewi Wara Srikandhi madeg senapati mujudake .......... wanita.

10.Tembung entar lunyu tegese .....

Jawab:






1.golek ngelmu

2. telu

3. Raden Janaka

4. klaras dadi nglaras

5. kaum wanita

6. Dewabrata

7. payung agung

8. Wit ringin gedhe

9. emansipasi

10. omongane mencla-mencie/ora bisa dipercaya



0 Response to "Soal Bahasa Jawa Kelas 5 Wulangan 7 Semester 2 "

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel

close