Soal Cerita RA Kartini Bahasa Jawa

Soal Cerita Raden Ajeng Kartini Bahasa Jawa

 Raden Ajeng Kartini

Kartini salah sijine pejuang wanita Indonesia. Panjenengane kagungan gegayuhan sing adi luhung. Tekade kepengin ngajokake kaum wanita. Gegayuhane iku kepriye supaya kaum wanita Indonesia nduweni hak sing padha karo kaum priya. Kaum wanita saiki wis ngrasakake uwohe. Saiki kaum wanita lan kaum priya duwe hak, kalungguhan, lan tanggung jawab kang padha.

Raden Ajeng Kartini


R.A. Kartini iku lair ing Jepara tanggal 21 April 1879, Ramane ngasta Bupati Jepara, asmane R.M. Harya Sastraningrat. R.A. Kartini kagungan sipat pemimpin sing andhap asor. Panjenengane disuyuti kabeh rakyat Indonesia, luwih-luwih rakyat Jepara. 

Jaman semana sekolahan durung kaya saiki. Sekolahan isih arang-arang. R.A. Kartini kagolong kenya sing pinter, dhuwur gegayuhane. Nanging kang ramane nglarang, ora marengake menawa R. A. Kartini nerusake sekolahe. 

Jaman semana isih mlaku adat pingitan. Tegese bocah wadon sing wis ngancik diwasa ora - kena metu saka ngomah. Ewasemono, penggalihe R.A. Kartini ora nglokro. Saya suwe pepenginan kanggo njunjung drajate wanita ora saya mendha, nanging malah saya makantar-kantar. 

Ana ing Jepara R.A. Kartini ngedegake sekolahan kang mligi kanggo bocah-bocah wadon, dijenengake Sekolah Kartini. Bocah-bocah diwulang maca, nulis, etung, lan keprigelan warnawarna, kayata: nyongket, nyulam, lan jait. 

Yuswa 24 taun, R.A. Kartinidipundhutgarwa dening RadenAdipati Jayadiningrat, Bupati Rembang.Raden Ajeng Kartini diboyong menyang Rembang. Raden Adipati Jayadiningratnyarujuki lan mbiyantu madege Sekolah Kartini. Sekolah Kartini saya suwe saya ngrembaka. Ing kutha liya akeh kang ngedegake Sekolah Kartini, kayata: Semarang, Surabaya, Malang, Madiun, Yogyakarta, lan Cirebon. Taun 1904 R.A. Kartini seda, yaiku patang dina sabubare babaran. Kanggo ngeling-eling labuh labete R.A. Kartini, saben tanggal 21 April dianakake pengetan dina wiyose R.A. Kartini

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 

1. Sapa sejatine R.A. Kartini iku? 

Wangsulan: ........

2. Kapan laire R.A. Kartini iku? 

WangSulan:....

3. Putrane sapa R.A. Kartini iku?  WangSulan:....

4. Apa kang dadi gegayuhane R.A. Kartini? 

Wangsulan: ........

5. Apa bae kang diwulangake ing Sekolah Kartini? 

Wangsulan: ......


Jawaban:

1. R.A Kartini iku salah sawijining pejuang emansipasi wanita Indonesia

2. R.A Kartini lair tanggal 21 April 1879

3. R.A Kartini iki putane R.M Harya Sastraningrat

4. Gegayuhane iku kepriye supaya kaum wanita Indonesia nduweni hak sing pada karo kaum priya

5. Sekolah Kartini diwulang maca, nulis, etung, lan keprigelan warna-warna, kayata : nyongket, nyulam, lan jait.

0 Response to "Soal Cerita RA Kartini Bahasa Jawa"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel

close