Tembang Dolanan Gethuk Lan Gambang Suling



Gethuk

Sore-sore padhang bulan
Ayo kanca padha dolanan
Rene-rene bebarengan
Rame-rame e do gegojekan
Kae-kae rembulane
Yen disawang kok ngawe-awe
Kaya-kaya ngelingake
Kanca-kanca ja turu sore-sore
Gethuk asale saka tela
Mata ngantuk iku tambane apa
Gethuk asale saka tela
Yen ra mathuk atine rada gela
Ja ngono mas aja-aja ngono
Kadung janji mas
Aku mengko gela


Gambang Suling

Gambang suling ngumandhang swarane
Thulat-thulit kepenak unine
Unine mung nrenyuhake bareng lan kentrung
Ketipung suling sigrak kendhange

0 Response to "Tembang Dolanan Gethuk Lan Gambang Suling"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel

close